Kaviar
panganan mligi saka Azerbaijan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Kaviar (saka tembung Pèrsi خاويار: Xāviār) yaiku panganan méwah saka endhog iwak kulawarga Acipenseridae sing uwis diawètaké nganggo uyah. Endhogé bisa sing isih "seger" (durung dipastéurisasi) utawa sing uwis dipastéurisasi. Prosès pastéurisasi iki nyuda aji kulinèr lan aji ékonomi kaviar.[1]
Adaté, istilah kaviar mligi ateges endhog iwak sturgéon alasan ing Sagara Kaspia lan Sagara Ireng[2] (kaviar iwak beluga, osètra lan sèvruga). Gumantung nagarané, kaviar uga bisa ateges endhog iwak jinis liya, kaya ta iwak salmon, sirah waja, forèl, pringkil, putih[3], karper,[4] lan spésiés iwak sturgéon liyané.[5][6]
Kaviar ingaran panganan méwah lan dipangan minangka panganan sampingan utawa olèsan.