Kodhok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kodhok (basa Inggris: frog) lan bangkong (b. Inggris: toad) (anaké ingaran percil) iku kéwan amfibi kang paling ditepungi wong ing Indonésia.[1]Amphi kang artiné rangkep loro lan Bios artiné urip utawa kéwan kang duwé balung mburi (vèrtebrata) bisa uripé ana ing loro alam, saéngga kodhok uga bisa ngalamimetamorfosis yaiku semangsa urip ing banyu nggunakaké kepet/ingsan.[1] Ambegan nganggo ingsan uga langi karo kepet buntuté.[1] Ing mangsa diwasa kodhok bisa ambegan karo paru-paru lan lumaku nganggo sikil ana ing lemah.[1] Kulawarga kéwan iki kagolong kodhok kang ora duwé buntut (anura) lang bangsa (apoda) uga kagolong amfibi kang duwé buntut lan sikil yaiku kabèh kalebu ing suku salamander (caudata/urodela).[1] Bocah-bocah lumrahé seneng karo kodhok amarga wanguné lucu, kerep mlumpat-mlumpat, ora tau nyokot lan ora mbebayani.[1] Mung wong diwasa kang kerep rumangsa jijik utawa wedi kang ora ana alasané marang kodhok.[1]
Kodhok Kalamangsa: Jura-Saiki | |
---|---|
Dendropsophus microcephalus | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Amphibia |
Ordho: | Anura Merrem, 1820 |
Subordo | |
Archaeobatrachia |
Awaké kodhok cendhèk, lemu utawa kuru, gegeré rada wungkuk, sikilé papat lan ora ana buntuté (anura: a ora, ura buntut).[1] Kodhok lumrahé duwé kulit alus, lembab, kanthi sikil mburi kang dawa.[1] Suwaliké bangkong kulité kasar mawa bintil-bintil nganti mbingkul-mbingkul, asring garing, lan sikil mburiné asring mung cendhak waé, saéngga akèh-akèhé kurang pinter mlumpat adoh.[1]