Kudis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kudis utawa scabiés ya iku lelara kulit sing disebabaké déning tungau (mite) Sarcoptes scabiei sing racaké ciriné ana keropeng, botak, lan gatel ing kulit [1]
Sarcoptes scabiei ya iku tungau duwé ciri-ciri wujud ameh bunder duwé 8 sikil cekak, pipih, ukurane wantara (300–600 μ) x (250-400 μ) sing wadon, lan (200-240 μ) x (150-200 μ) sing lanang, racaké urip ing lapisan epidermis [2]. Permukaan dorsal teka tungau iki ditutupi déning lipatan lan lekukan wujud garis melintang dadi bisa ngasilaké sejumlah skala segitiga cilik [3]. Saliyané kui, sing wadon duwé bulu cambuk ing pasangan sikil kaping 3 lan kaping 4 lan ning lanang, bulu cambuk ana ing pasangan sikil kaping 3 [4]