Miles Teller
From Wikipedia, the free encyclopedia
Miles Alexander Teller[1] (lair ing tanggal 20 Fèbruari taun 1987)[2][3] dhèwèké iku paraga lanang saka Amérika. Lair ing Pennsylvania lan minangka alumni saka NYU's Tisch School of Arts, dhèwèké metu ing sawenèh filem cekak lan filem tèlèvisi sadurungé dhèwèké miwiti debut kapisané ing filem Rabbit Hole (2010). Miles dadi peran pambiyantu ing filem Footloose (2011) lan Project X (2012), sadurungé dhè`wèké nampa critical acclaim kanggo penampilané dadi paraga Sutter Keely ing filem The Spectacular Now (2013), sing saka iku Miles nampa pakurmatan Sundance Film Festival Special Jury Prize for Dramatic Acting lan perané dhèwèké minangka Andrew Neiman ing filem Whiplash, sing saka iku dhèwèké nampa nominasi Gotham Independent Film Award for Best Actor,Satellite Award for Best Actor - Motion Picture, lan BAFTA Rising Star Award.