Mirin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mirin (味醂, みりん, Mirin?) inggih menima bumbu pawon kanggé masakan Jepang ingkang wujud unjukan mawi alkohol kanthi warna kuning, raos ingkang legi, lan gadhah kandhutan gula 40%-50% lan alkohol kirang langkung 14% [1]. Mirin dipun-ginakaken kanggé masakan Jepang ingkang dipunolah kanthi cara nimono (dipungodhog kaliyan kecap asin lan dashi) lan campuran kanggé manéka jinis saos, kados saos kanggé kabayaki (tare), saos kanggé soba (soba-tsuyu), saos kanggé tempura (tentsuyu) lan saos teriyaki. Kandhutan alkohol ingkang wonten ing mirin saged ngirangi raos amis wonten ing ulam lan ngirangi resiko risaking dhaharan ingkang dipunmasak. kandhutan gula wonten ing mirin dipun-ginakaken kanggé nambah raos legi ing dhaharan ingkang dipunmasak saéngga katingal cerah lan nambah aruming masakan.