Mochi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mochi (Jepang: 餅; Hanzi: (麻糬)) punika nama jinis kuwé ingkang kadamel saking beras ketan lajeng dipuntumbuk dumugi lembut lan lèngkèt ingkang dipunbentuk bunder-bunder. Panganan mochi piyambak asalipun saking Jepang, nanging kawéntar ugi ing Cina, Taiwan, Kamboja, Hawaii, Koréa Kidul, lan Thailand sasampunipun wonten prosès kulturisasi, éwah-éwahan resep, lan sanèsipun saéngga ing nagara mau gadhah mochi piyambak kanthi ciri khasipun piyambak [1].
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ing Jepang, mochi dados dedhaharan tradisonal ingkang padatanipun dipundhahar nalika warsa énggal, ugi kadang kala dipundhahar minangka camilan. Wonten ing Jepang gadhah karaméan mirunggan kanggé mochi ingkang dipunwastani mochitsuki [1]. Mochitsuki ugi dipunwastani cara tradisonal tiyang Jepang anggènipun damel mochi ngginakaken palu saking kayu kanggé numbuk beras mochi lajeng dipun-dang wonten ing wadhah watu utawi kayu ugi saged [2].