Notre Dame de Paris
From Wikipedia, the free encyclopedia
Notre Dame de Paris (AFI: [nɔtʁ dam də paʁi]; Prancis kanggé "Kanjeng Ibu saking Paris"), ingkang ugi dipunmangertosi minangka Notre Dame Cathedral utawi mligi Notre Dame,[2] inggih punika satunggaling gréja ingkang wonten ing Paris ingkang dipundamel kanggé njunjung inggil wontenipun Bunda Maria. Notre Dame punika inggih satunggaling yasan ingkang gadhah aji sujarah ingkang ageng kanggé para umat agama Katulik Roma wonten ing gréja Maria ing pérangan sisih wétan saking Île de la Cité ing arrondissement kaping sekawan saking Paris, Prancis. Ing lingkup ingkang ageng Notre Dame de Paris inggih dipunanggep minangka salah satunggaling tuladha ingkang saé piyambak saking arsitèktur Gothik ing Prancis lan ing salah satunggalipun ingkang paling ageng lan minangka gréja misuwur piyambak sajagad.[3]
Cathédrale Notre-Dame de Paris | |
---|---|
Informasi umum | |
Prenah | 6 Parvis Notre-Dame, Place Jean-Paul II, 75004 Paris, France |
Koordhinat géografi | 48.8530°N 2.3498°E / 48.8530; 2.3498 |
Afiliasi agama | Roman Catholic |
Provinsi | Archdiocese of Paris |
Daerah | Île-de-France |
Status | Cathedral |
Status | Active |
Status warisan | 1862 |
Kepemimpinan | André Vingt-Trois |
Sana wèb | www |
Deskripsi arsitektur | |
Jinis arsitèktur | Church |
Gaya arsitektur | French Gothic |
Yasa pratama simbulis | 1163 (1163) |
Taun rampung | 1345 (1345) |
Spesifikasi | |
Arah fasad | West |
Dawa | 128 metres (420 ft) |
Amba | 69 metres (226 ft) |
Dhuwur (maks) | 69 metres (226 ft) (2 towers) |
Pucak | one |
Dhuwuré pucuk | 90 metres (300 ft) |
Monument historique | |
Nama resmi: Cathédrale Notre-Dame | |
Ditetepaké | 1862 |
No. réferensi | PA00086250[1] |
Denomination | Église |
Gréja punika kabesmi nalika tanggal 15 April 2019 saweg dipundandosi.