Oli
From Wikipedia, the free encyclopedia
Oli utawa pelumas ya iku sawijining golongan dat kimia kang diasilaké saka olahan lenga bumi.[1] Oli nduwéni wujud cuwèr. Oli lumrahé diwènèhaké ing antarané barang kang obah, gunané kanggo ngurangi gaya gèsèk supaya ora seret.[1] Oli iku fraksi asil destilasi lenga patra kang duwé suhu 105-135 derajat celcius.[1] Oli nduwéni fungsi dadi lapisan pelindhung kang misahaké loro lumah kang duwé gayutan.[1] Lumrahé oli kasusun déning 90% lenga dhasar lan 10% dat tambahan.[1] Oli kang paling kerep digunakaké ya iku oli mesin kang dianggo ing mesin pembakaran njero.[1]