Paolo Maldini
From Wikipedia, the free encyclopedia
Paolo Maldini (lair ing Milan, Italia, 26 Juni 1968; umur 55 taun) inggih punika salah satunggaling juru main bal-balan saka nagara Italia. Sadangunipun kariripun, piyambakipun namung mapan wonten ing klub AC Milan. Sajeroning klub punika, piyambakipun tansah dipunpanggènaken minangka bèg kiwa utawi bèg tengah. Inggilipun piyambakipun antawis 188 cm. Maldini punika salah satunggaling lègèndaning bal-balan Italia ingkang dipunajèni. Ewadéné sapunika yuswanipun sampun ngancik 40an, kaprigelanipun piyambakipun panggah ajeg. Wonten ing Milan, piyambakipun kapasangaken kaliyan Alessandro Nesta nalika main dados bèg tengah.[1]
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Paolo Cesare Maldini | ||
Dhuwur | 1.86 m (6 ft 1 in) | ||
Posisi main | Pemain bertahan | ||
Karir nom | |||
1978–1985 | Milan | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1984–2009 | Milan | 647 | (29) |
Tim nasional | |||
1986–1988 | Italia U-21 | 12 | (5) |
1988–2002 | Italia | 126 | (7) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
Wonten ing kridha Sèri A, Paolo Maldini widada ngimbangi rèkor tampilipun Dino Zoff kanthi angka kaping 570 nalika tandhing lawan Sampdoria surya18 September 2005. Tetandhingan punika ugi mracihnani tampilipun piyambakipun ingkang kaping 800 sadangunipun karieripun wonten AC Milan. Kontrakipun Maldini sajatosipun telas nalika pungkasing mangsa 2007-08, nanging lajeng dipunénggalaken dumugi mangsa 2008-09. Kanggé ngajèni dèdikasinipun wonten AC Milan, sragam kanthi angka 3 badhé dipunturunaken dhateng putranipun, Christian, ingkang mlebet skuad utami AC Milan.[2]