Piramida Sistem Kapitalis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Piramida Sistem Kapitalis yaiku jeneng umum saka kritikan kapitalisme karikatur kartun Amerika 1911, sing adhedhasar selebaran Rusia saka sekitar taun 1900.[1] Fokus grafik kasebut yaiku stratifikasi sosial miturut kelas sosial lan perorapadhaan ekonomi.[2][3] Karya kasebut dideskripsikake "misuwur",[4] "kondhang banget lan akeh direprodhuksi".[2] Sajumlah karya-karya derivatif digawe.[5]
Poster kasebut dipublikasikake ing edisi 1911 Industrial Worker (The International Publishing Co., Cleveland, Ohio, A.S.), koran Industrial Workers of the World, lan diatributkake karo "Nedeljkovich, Brashich, & Kuharich".[6][7][3]
Gambar kasebut nampilake "piramida sosial" utawa hierarki literal, karo sethitik wong sugih ing bagean dhuwur, lan wong-wong kere ing bagean ngisor. Dimahkotai dening sekantung dhuwit ngewakili kapitalisme, lapis dhuwur, "we rule you"/"kami ngatur kowe", diduduki karo para pemimpin negara lan krajaan. Ing ngisore ana para pandhita ("we fool you"/"kami mbodhoni kowe"), ndhisiki karo pasukan militer ("we shoot at you"/"kami mbedhil kowe"), lan kaum borjuis ("we eat for you"/"kami mangan saka kowe"). Bagean ngisor bawah piramida kasebut diisi karo para pekerja ("we work for all... we feed all"/"kami kerja kanggo kabeh.. kami menehi kabeh mangan").[4][8][3][2]
Karya kasebut adhedhasar karikatur taun 1900 anonim saka hierarki Kekaisaran Rusia dening Uni Sosialis Rusia.[1][9]