Prau dlajah Jepang Mogami (1934)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Mogami (最上, Prau Mogami?) iku prau dlajah abot klas Mogami kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Aran prau iki saka jenengé Kali Mogami ing Tohoku, Jepang.
Mogami kapernahaké rikala 27 Oktober 1931 ing Kure, Hiroshima déning Astragara Wadya Sagara Kure; banjur kababar rikala 14 Maret 1934. Prau iki kinepyakaké rikala 28 Juli 1935[1] ing pamangkuné Kolonèl Tomoshige Samejima[2]. Prau iki kèrem rikala 25 Oktober 1944 ing Supitan Surigao (09°40′N 124°50′E).[3]