Prau panumpes Jerman Z21 Wilhelm Heidkamp
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Z21 Wilhelm Heidkamp iku prau panumpes tipe 1936 kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Jerman Nazi. Aran prau iki saka jenengé Pumpenmeister Wilhelm Heidkamp (1883 – 1931).[1]
Prau iki kapernahaké rikala 15 Dhésèmber 1936 ing Bremen déning AG Weser; banjur kababar rikala 20 Agustus 1938.[2] Prau iki kinepyakaké rikala 20 Juni 1939 ing pamangkuné Korvettenkapitän[3] Hans Erdmenger[4].
Z21 kèrem rikala 11 April 1940 ing Plabuhan Narvik (68°25′N 17°24′E).[5]