Protéin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Protéin (oyoting tembung protos saka basa Yunani kang tegesé "kang paling utama") yaiku senyawa organik komplèks kang nduwé bobot molekul dhuwur kang wujud polimèr saka monomèr-monomèr asem amino kang digandhéngaké siji lan sijiné kanthi ikatan peptida. Molekul protéin ngandhut karbon, hidrogen, oksigèn, nitrogen lan sok-sok uga sulfur sarta fosfor. Protéin nduwé peran wigati ing struktur lan fungsi kabèh sel makluk urip lan virus.
Akèh protéin wujud enzim utawa subunit enzim. Jinis protéin liya nduwé peran ing fungsi struktural utawa mekanis, kaya umpamané protéin kang mbentuk batang lan sendi sitoskeleton. Protéin kalibat ing sistem kakebalan (imun) minangka antibodi, sistem kendali ing wangun hormon, minangka komponèn panyimpenan (ing wiji) lan uga ing transportasi hara. Minangka salah sawijining sumber gizi, protéin nduwé peran minangka sumber asem amino kanggo organisme kang ora bisa nggawé asem amino mau (heterotrof).
Protéin wujud salah siji saka biomolekul raksasa, saliyané polisakarida, lipid, lan polinukleotida, kang wujud panyusun utama makluk urip. Saliyané iku, protéin wujud salah siji molekul kang paling akèh ditliti ing biokimia. Protéin tinemu déning Jöns Jakob Berzelius ing taun 1838.
Biosintesis protéin alami padha karo èksprèsi genetik. Kode genetik kang digawa DNA ditranskripsi dadi RNA, kang duwé peran minangka cithakan kanggo translasi kang dilakokaké ribosom. Tekan tahap iki, protéin isih "mentah", mung kasusun saka asem amino protéinogenik. Liwat mekanisme pascatranslasi, kawangun protéin kang nduwé fungsi kebak kanthi biologi.