RNA
From Wikipedia, the free encyclopedia
RNA (Ribonucleic Acid) inggih punika "duta" utawi pambekta pesan genetik saking gen kanggé ribosom, inggih punika organel ingkang sampun dipunmangertosi gegandénganipun kaliyan sintésis protéin wonten ing lebet sitoplasma sèl.[1] Saben jinisning RNA gadhah kualitas struktural mirunggan ingkang damelaken cocog kanggé fungsi ingkang spèsifik.[2] RNA gadhah basis Adenin (A), Sitosin (C), saha Urasil (U).[3]