Talmud
From Wikipedia, the free encyclopedia
Talmud (basa Ibrani: תלמוד) ya iku cathetan kang isiné ngeneni rembugan para rabi kang ana gandhèngané karo hukum Yahudi, etika, pakulinan lan sajarah.[1] Talmud dibagi dadi rong komponèn: Mishnah, kang awujud kumpulan Hukum Lisan Yudaisme pisanan kang ditulis ; lan Gemara, diskusi ngenani Mishnah lan tulisan-tulisan kang kaitane karo Tannaim kang sok mbahas topik-topik liya lan njabarake Tanakh.[1] Istilah Talmud lan Gemara racaké dinggo ora bareng.[1] Gemara ya iku dhasar kabèh aturan saka hukum rabinik lan akèh dikutip ana ing literatur rabinik kang liyané.[1] Keseluruhan Talmud racaké uga dirujuk dadi (singkatan basa Ibrani kanggo shishah sedarim, utawa "enam tatanan" Mishnah).[1]