Taumatawhakatangihangakoauauotamateapokaiwhenuakitanatahu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taumatawhakatangihangakoauauotamateaturipukakapikimaungahoronukupokaiwhenuakitatahu[1] yaiku bukit sing cedhak karo Porangahau, sisih kidul Waipukurau sing ana ing sisih kidul Teluk Hawke, Selandia Baru. Bukit iki dhuwuré 305 meter (1001 kaki). Bukit iki umume dikenal kanthi jeneng dawa, yaiku saka bahasa Māori; jeneng kasebut asring disingkat dadi Taumata dening warga ing kana supaya gampang diucapake.[2] Bukit kasebut dadi popularitas minangka jeneng paling dawa sing ditemokake ing negara sing nganggo basa Inggris, lan jeneng papan paling dawa nomer loro ing donya, miturut Wises New Zealand Guide lan The New Zealand Herald.[3] Jeneng bukit iki (kalebu 85 huruf) uga wis kacathet ing Guinness World Records minangka jeneng papan paling dawa. Versi jeneng liyane, kalebu sing luwih dawa, uga asring digunakake.