The Air Mail
From Wikipedia, the free encyclopedia
The Air Mail inggih punika filem bisu saking Amérikah Sarékat ingkang dipundamel déning Famous Players-Lasky taun 1925. Filem punika dipunsutradarani Irvin Willat, dhedhasar skénario anggitanipun James Shelley Hamilton, dipunangkat saking pamikiranipun Byron Morgan, kanthi mundhut latar cariyos ing Death Valley National Park lan "kutha memedi" Rhyolite, Nevada. Ingkang maragani filem punika antawisipun Warner Baxter, Billie Dove, lan Douglas Fairbanks, Jr.. Paramount Pictures mbabar filem punika kanggé sagung pamirsa ing Amérikah Sarékat, surya 16 Maret 1925. Dumugi sapunika, filem punika, saking wolung lunthungan namung kasisih sekawan lunthungan kemawon, kasimpen ing Perpustakaan Konggrès Amérikah Sarékat.[1][2]
Sunyata Rikat The Air Mail, Disutradarani ...
Tutup