Transistor
peranti elektronik kanggo nguwataké, medhot, lan mbagi arus setrum / From Wikipedia, the free encyclopedia
Transistor ya iku siji piranti elektronik kang wujudé tabung cilik banget kang digawé saka semikonduktor.[1] Gunane kanggo nguwatake, medhot, lan mbagi arus listrik.[2] Transistor tinemu nalika taun 1948 déning ahli fisika ya iku Walter Houser Brattain, John Bardeen, lan William Braddford Shockley. Transistor bisa kanggo kran listrik.[3] Padatan, transistor nduwé terminal cacahé telu.[3] Tegangan utawa arus kang dipasang ing salah siji terminale iku ngatur arus kang luwih gedhé liwat rong terminal liyané.[3]