Universitas Arizona
From Wikipedia, the free encyclopedia
Universitas Arizona utawi The University of Arizona (ugi dipunrujuk minangka UA, U of A, atau Arizona) inggih punika sawijining intitusi pendidikan tinggi lan risèt nagari ingkang dumunung wonten ing kutha Tucson, Arizona, Amérikah Sarékat, ingkang pikantuk dana hibah kanggé pambangunan fasilitas kampus lan pangembangan risèt tèknologi akasa. UA minangka universitas piasanan ing praja Arizona, jumeneng nalika taun 1885 (27 taun sadèrèngipun Teritori Arizona pikantuk status praja). Universitas punika nglingkupi University of Arizona College of Medicine ingkang minangka salah satunggal saking tiga sekolah kadhokteran lan satunggalings sekolah kadhokteran ingkang nganugrahaken gelar MD (Doctor of Medicine) ing Arizona. Dumugi mangsa palastra taun 2010, jumlah mahasiswanipun inggih punika 39,086 tiyang.[2] UA ing sangandhaping pengelolaan Arizona Board of Regents. Misi UA inggih punika "kanggé manggihaken, ndidik, nglayani lan nginspirasi."[5] UA inggih punika salah satunggaling anggota kapilih saking Asosiasi Universitas Amérika (AAU, sawijining organisasi saking institusi-institusi risèt kondhang ing Amérika Utara) lan minangka satunggaling wakil saking praja Arizona wonten ing asosiasi punika.