Waringin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Waringin (Ficus benjamina) ya iku wit raksasa sing isih ana ning ndunya lan sawatara jinis liya, suku ara-araan utawa Moraceae iku tuwuhan awangun uwit gedhé lan bisa uga ditandur minangka pethètan.[1] Waringin isih kerabat karo wit Bodhi (Ficus religiosa) saka India, sing endhi Siddharta Gautama (Buda) olèh pencerahan nalika tapa ning ngisor wit iku.[1] Waringin wektu umur 15 taun bisa duwé dhuwur 15 m lan diameteré bisa nganti tajuk 20 m, cacahé godhong kira-kira 300.000-400.000 larik.[1] Waringin iki wis dianggep kaya budaya asli Indonesia.[2] Wit waringin iki uwité gedhé sing kerep diarani karo wong-wong panggon kang suci lan nglindungi penduduk sakitar.[1] Biasané ning pinggiran wit waringin iki akèh ditemokké ning ngisor uwit waringin sing tuwa sesajen amarga wit waringin sing gedhé dianggep duwé kekuwatan magis panggonan para dedemit mula kudu dirawat lan diwènèhi sesaji.[1]
Waringin | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Urticales |
Famili: | Moraceae |
Génus: | Ficus |
Spésies: | F. benjamina |
Jeneng binomial | |
Ficus benjamina L. | |