West Bromwich Albion F.C
From Wikipedia, the free encyclopedia
West Bromwich Albion Football Club ya iku salah sawijiné klub bal-balan saka Inggris kang dhuweni panggonan ing West Bromwich, West Midlands. Ngadekake ing taun 1878. Nalika taun 1900, klub iki duwé kandhang tetandhingan ing Stadion The Hawthorns lan kapasitase 26.484 penonton. Seragam dheknen ya iku biru-putih mula ajejuluk The Baggies. Albion iku salah sawijining anggota kang ngadekake The Football Language ing 1888 lan enthuk pendukung kanggo eksistensi sepakbola ing inggris. WBA wis tau juara champion ing inggris kapisan, ing 1919-20, nanging luwih sukses ing FA Cup, wis tau menang nganti ping lima. Juara pertama kali ing taun 1888 nalika kejuaran ngadhek, lan 1968 WBA tau menang, awit saka iku WBA ora tau manèh menang FA Cup utawa Liga Inggris. Tim iku nganggo warna biru lan putih garis-garis kanggo ngenang sajarah club iku. WBA dhuweni rival awit pangadhekan nganti saiki, club rival iku kang padha-padha sak daerah wétan, club rival iku ya iku Aston Villa, nanging luwih abot rival ya iku Wolverhampton Wanderers kang dijenengi Derbi Kutha Ireng nalika tanding.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Jeneng dawa | West Bromwich Albion Football Club | |||
---|---|---|---|---|
Paraban | The Baggies, The Trostles | |||
Yasa | 1878; 146 taun kapungkur (1878) (nganggo jeneng West Bromwich Strollers) | |||
Setadhiyon | The Hawthorns West Bromwich | |||
Momotan | 26.484 [1] | |||
Mantri | Jeremy Peace | |||
Mènèjer | Tony Pulis | |||
Liga | Liga Utama Inggris | |||
2016–17 | ke-10, Liga Utama Inggris | |||
| ||||
Current season |