Wikipédia
bauwarna anéka basa ing internet / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wikipédia (pangucapan: Wi·ki·pæ·di·a utawi Wi·ki·pi·di·a) punika proyèk ensiklopedia multibasa salebetipun jaringan ingkang bébas lan terbuka, ingkang dipunlampahaken déning Wikimedia Foundation, satunggiling organisasi nirlaba ingkang basisipun ing Amérikah Sarékat. Nami Wikipédia asalipun saking gabungan tembung wiki lan encyclopedia. Wikipédia dipunrilis nalika taun 2001 déning Jimmy Wales lan Larry Sanger,[4] lan sapunika minangka karya réferènsi paling ageng, rikat ngrembaka, lan populèr ing internet.[5][6] Proyèk Wikipédia gadhah don kanggé maringaken èlmu pangertosan manungsa[7] ugi ndamel bauwarna ingkang pepak piyambak ing sadaya basa ing saubengipun donya. Sedaya tiyang saged tumut nyumbang.
Jinising situs | Ensiklopedia daring |
---|---|
Ana ing basa | 236 edisi aktif (total 253)[1] |
Kantor gedhé | Miami, Florida |
Kang duwé | Wikimedia Foundation |
Digawé déning | Jimmy Wales, Larry Sanger[2] |
Slogan(s) | The free encyclopedia that anyone can edit. |
Situs jaringan | www.wikipedia.org |
Dagang | Boten |
Règistrasi | Opsional |
Kababar | (2001-01-15)15 Januari 2001 |
Setatus saiki | Salebetipun prosès ingkang tansah lumampah teras (boten bakal rampung)[3] |
Wikipedia sampun dipunpuji amargi mbantu proses demokratisasi kawruh, cakupanipun ingkang jembar, struktur unik, lan budayanipun. Wikipedia sampun dipunkritik]] amargi nuduhaken pangayoman sistemik, utamané prakiraan gender marang wanita lan prakiraan geografis marang Global Kidul (Eurosentris).[8][9] Sanadyan kapercayan marang Wikipedia asring dipunkritik ing taun 2000-an, nanging kawilujenganipun sampun ningkat mangsa-mangsa, nampi pujian ing pungkasan taun 2010-an lan awal taun 2020-an,[8][10][note 1] sampun dados situs pemeriksaan fakta ingkang penting.[11]