Yeongsanjae
From Wikipedia, the free encyclopedia
Yeongsanjae inggih punika upacara ritual agama Buda ingkang dipunwontenaken ing Kuil Bongwon, Seoul, Koréa Kidul.[1] Upacara wonten ing kapitadosan Buda punika kanthi ancas paring persembahan dhumateng Buda supados nuntun gesangipun manungsa, ingkang taksih gesang lan ugi ingkang sampun tilar donya supados pikantuk katentreman.[2] Upacara punika dipunwontenaken kaliyan ritual bompae inggih punika melantunkan sutra Buda. Kalajengaken kaliyan nari jogèd ritual Nabichum, Barachum, Beobgochum lan Tajuchum.[3] Upacara punika minangka wujud Warisan Budaya Nonbendawi Koréa Kidul Nomor 50 taun 1973 lan ugi minangka Karya Agung Warisan Budaya Lisan lan Nonbendawi Manungsa UNESCO nalika taun 2005.[4]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |