Yohanes
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bab kagunaan liya saka Yohanes, wacanen Yohanes (disambiguasi).
Santo Yohanes sang Rasul (basa Yunani Ιωάννης - Ioannes) punika salah satunggil saking kalihwelas rasul Yesus. Panjenenganipun putranipun Zebedeus lan Salome, ugi wujud sadhèrèkipun Yakobus, panjenenganipun lan sadhèrèkipun dipunsebat Boanerges ingkang tegesipun putra-putra guruh. Tradhisi madhakaken panjenenganipun kaliyan panyerat saking sapérangan buku ing Alkitab: Injil Yohanes, Serat-serat Yohanes, lan Wahyu dhumateng Yohanes.
- Artikel punika ngenani panyerat kitab salebeting Alkitab. Kanggé Injil Yohanes, pirsani ugi Injil Yohanes
Katerangan liyané Santo Yohanes sang Rasul, Portal Santo ...
Santo Yohanes sang Rasul | |
---|---|
Lukisan déning Hans Memling, c. 1468 (The National Gallery, London) | |
sang Panginjil | |
Miyos | c. 6 M, Galilea, ing Tanah Suci[1] |
Tilar donya | c. 101, Efesus, Asia Minor |
Dipun urmati ing | Sedaya dhénominasi |
Dinten pèngetan | 27 Dhésèmber (Kristen ritus Kilèn) 26 September & 8 Mèi (Kristen ritus Wétan) |
Atribut | buku, sawer ing cawan, kuwali, garudha |
Pangreksa | pangarang, téolog, panerbit, pamandé buku, panyunting, pelukis. |
Portal Santo |
Tutup