Piala FA
From Wikipedia, the free encyclopedia
The Football Association Challenge Cup, utawi ingkang asring dipunsebat Piala FA, inggih punika kompetisi bal-balan ingkang ngginakaken sistem palastra ingkang dipunwontenaken saben taun ing Inggris. Kompetisi punika dados kompetisi ingkang paling sepuh ing donya.[1] Kompetisi punika dipunwastani ugi dipunwontenaken déning 'The Football Association|Asosiasi Sepak Bola Inggris (FA) ingkang dados pesertanipun tim-tim bal-balan ing Inggris ingkang jaler, déné ingkang wanita ugi dipunwontenaken, nanging kanthi sebatan ingkang bènten.
Dibentuk | 1871 |
---|---|
Wilayah | Inggris |
Gunggung tim | 758 (2012–13) |
Juwara bertahan | Wigan Athletic (gelar petama) |
Klub paling suksès | Manchester United (11 gelar) |
Stasiun televisi penyiar | ITV ESPN |
Situs web | Situs resmi |
Piala FA 2013–14 |
Piala FA ingkang pisanan dipunwontenaken ing warsa 1871-72. Turnamen punika kanggé sadaya tim ingkang ndhèrèk Liga Primer, Football League, Football Conference lan tim-tim ing Step 3-5 sarta tim-tim Step 6 ingkang kapilih saking Sistem Liga Nasional[2].