Île de la Cité
From Wikipedia, the free encyclopedia
Île de la Cité inggih punika kalebet salah satunggal saking kalih pulo ingkang alami ingkang wonten ing Lèpèn Seine ing kitha Paris (déné ingkang sanèsipun inggih punika Île Saint-Louis, Île des Cygnes ingkang kekalihipun inggih minangka pulo ingkang boten alami utawi ingkang dipundamel déning manungsa).[1] Île de la Cité inggih punika minangka punjering kitha Paris lan papanipun minangka wonten kitha ing abad kaping tengahan sasampunipun dipunyasa malih.
Wonten ing sisih kulon saking pulo Île de la Cité punika wonten satunggaling pura ingkang sampun wonten wiwit jamanipun Morovingian lan ing sisih wétan, ing wekdal ingkang sami ugi sampun dipunsucèni satunggaling yasan khususipun inggih sasampunipun dipunyasa katedral ing abad kaping 10 ingkang sapunika sampun dados yasan Notre Dame. Déné siti ingkang wonten ing tengah- tengahipun pucuk mau, ngantos taun 1850 an inggih dipundadosaken papan dumunung warga lan ugi papan kanggé dodolan. Nanging sasampunipun dipunisèni déning Prefecture de Police, Palais de Justice, griya sakit Hôtel-Dieu lan Tribunal de Commerce, namung ingkang wonten ing sisih paling kulon lan wétan radi lor pulo punika ingkang taksih dipundadosaken papan dumunungipun warga ngantos sapunika lan ugi dipundadosaken dalemipun para canon utawi pandhita ing abad kaping 16.