Albumin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Albumin (Latin: albus, putih) ya iku aran kang minangka ngrujuk tumuju kabèh jinis protéin monomer kang larut ing banyu lan ing larutan uyah. Albumin ngalami koagulasi nalika kena panas. Substansi kang ngandhut albumin kaya ta putih endhog kang diarani albuminoid. Ing manungsa, albumin dikasilaké déning retikulum endoplasma ing njero ati kanthi wangun proalbumin, banjur diiris déning badan Golgi kanggo disèkrèsi kanggo nggenepi kira-kira 60% cacahé serum getih kanthi konsèntrasi antarané 30 nganti 50 g/L. Albumin iku jinis protéin kang paling akèh ing njero awak lan duwé kagunan wigati kanggo awak.[1] Albumin dikasilaké déning ati lan duwé wektu paro 20 dina.[1]
Albumin duwé bobot molekul udakara 65 kD lan kawangun saka 584 asem amino tanpa karbohidrat. Gen kanggo albumin dumunung ing kromosom 4, kanthi dawa udakara 16.961 nukleotida lan 15 ekson kang kapérang ing telung dhomain simètris. Saéngga diprakirakaké albumin iku triplikasi saka dhomain primordhial kang tunggal (siji). Saben dhomain kapérang manèh dadi 2 sub-dhomain.
Mutasi ing gèn iki bisa njalari manéka jinis protéin kanthi kagunan kang ora tumata. Mula owah-owahan sipat ing dhomain pencerap, kaya ta spesi reaktif oksigèn, spesi reaktif nitrogen, lan kasil saka réaksi biomolekul liya (kaya kasil saka peroksidasi lipid) kadadèn kanthi cara fisiologi lan patofisiologi kanthi anané albumin.[2]