Nikujaga
panganan mligi saka Jepang / From Wikipedia, the free encyclopedia
Nikujaga (肉じゃが , daging kentang?) inggih punika dhaharan masakan Jepang ingkang dipundamel saking daging, kentang lan bawang bombay ingkang dipungodhog supados raosipun legi kaliyan gula, kecap asin, lan ugi mirin.[1] Wonten ing Jepang sisih kilen, daging ingkang dipunginakaken inggih punika daging sapi kaliyan kentang ingkang jinis Mayqueen. Wondene wonten ing Jepang sisih wetan punika ngginakaken daging babi[2] kaliyan kentang ingkang jinis Danshaku. Nikujaga punika asalipun saking masakan ingkang dipungodhog ingkang dangu, daging ingkang dipuncawisaken déning angkatan Laut Kerajaan Inggris. Dhaharan punika gadhah kandhutan gizi ingkang seimbang satemah dhaharan punika dipundadosaken dhaharan wonten ing angkatan Laut Jepang lan sansaya nyebar ing kalanganipun rakyat Jepang.