Piala Donya FIFA 1998
From Wikipedia, the free encyclopedia
Piala Donya FIFA 1998 iku Piala Donya FIFA ingkang kaping nembelas, kang dianakake ing Perancis, 10 Juni nganti 12 Juli 1998. Perancis dipilih FIFA ing sasi Juli 1992 nalika pemilihan ing Zürich, Switserlan, ngalahake Maroko lan Switserlan. Piala Donya iki dimenangake déning Prancis, sawisé tetandhingan final ing Stade de France, Saint-Denis mungsuh Brasil kanthi skor 0–3. Lan Kroasia dadi menang kanthi skor 1–2 saka Bulgaria ing tetandhingan kang ngrebutake juwara telu ing Stadion Parc des Princes, Paris.
FIFA World Cup France | |
---|---|
Barkas:1998 FIFA World Cup logo.svg | |
Informasi turnamèn | |
Tuan omah | Prancis |
Tim peserta | 32 (dari 6 konferederasi) |
Papan penyelenggaraan | 10 (di 9 kota) |
Ronaldo, juru main Brasil kapilih dadi juru main paling apik ing taun iku. Lan Davor Suker, juru main Kroasia dadi pencetak gol paling akèh, 6 gol. Bal kang digunakaké ing Piala Donya taun 1998 iku gaweane Adidas, kang dijenengi Tricolore, basa Jawane tegesé telung warna, kang dadi maskot resmi ya iku Footix. Tembang resmi turnamen taun iku dinyanyekake déning Ricky Martin, kanthi irah-irahan The Cup of Life, déné tembang himne ing Piala Donya taun iku irah-irahane "La Cour des Grands", kang dinyanyekake déning Youssou N'Dour lan Axelle Red.
Piala Donya 1998 iki ngasilaké 22 kertu abang.[1] Ing Indonésia, turnamen iki disiyarake ing TVRI, RCTI, SCTV, ANTeve, TPI, lan Indosiar. Stasiun TV mau gilir gumanti anggoné nyiarake kabèh tetandhingan.[2]